”Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
”Yo lumayan ” jare si Mbah
”Pira kab
ehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
”Sing putih opo sing ireng ?”
”Sing putih, wis”
”Selawe”’
”Wik, cik akehe. Lha sing ireng?’”
”Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket Bunali takon maneh.
”Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
”Yo..”
”Pirang kilo mangane sakdino ?”
”Sing putih opo sing ireng ?”
”Sing ireng, wis”
”Yo kiro-kiro limang kiloan”
”Lha sing putih?”
”Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
”Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
”Ngene lho, sing putih iku wehusku…”
”Lha sing ireng ?” ”Podho . . .”
No comments:
Post a Comment
Silahkan Berkomentar se sopan mungkin jangan meninggalkan komentar dengan komentar yang mengandung sara,